80s toys - Atari. I still have
fb
ASAL-USUL
AJIBARANG
Ing jaman semana
ana sawijining
Negara kang
jenenge Galuh
Pakuan. Galuh
Pakuan kuwi kalebu
wilayah Kerajaan
Pajajaran. Nalika
semana ing Galuh
Pakuan lagi ana
musibah. Musibah
mau awujud
mangsa ketiga kang
suwe banget. Kabeh
mau ndadekake
para warga urip
sengsara. Para
warga padha
kurang pangan,
amarga mangsa
paceklik. Ing
kahanan kang
mrihatenake mau,
bojone Adipati
Munding Wilis
(Adipati Galuh
Pakuan) njaluk
digolekake dhaging
kidang kang sikile
putih.
Bojone Adipati
Munding Wilis
kandha, “Kangmas,
aku kepengin
mangan daging
kidang kang sikile
putih.”
“Panjalukanmu
kok aneh
diajeng?” ature
sang adipati
“Iki dudu
panjalukan saka
aku kang mas,
nanging
panjalukane si
jabang bayi,”
wangsulane bojone
Sang Adipati
“Ya wis, nek ngana
ngesuk aku tak
menyang alas
nggolek kidang
kang sikile putih,”
ature Sang Adipati.
Amarga bojone lagi
meteng, mula Sang
Adipati nuruti
panjalukane bojone.
Esuk-esuk sawise
pamitan lan wis
nggawa sangu kang
sacukupe, Adipati
Munding Wilis lan
punggawane budhal
menyang alas
nggolek kidang
kang sikile putih.
Sang Adipati
nunggang jaran
kang jenenge
Dawuk Mruyung.
Sang Adipati lan
rombongan wis
tekan alas. Kahanan
ing alas kana sepi
banget. Kidang kang
digoleki ora ana.
Sadurunge oleh
kidang kang sikile
putih, Sang Adipati
lan rombongan
kesasar ing desa
para brandal
(perampok).
Pimpinan brandal
mau jenenge
Abulawang. Banjur
Abulawang mrentah
anak buahe supaya
nggolek pawarta
babagan
rombongan kang
kesasar mau.
“He, kowe! Cepet
nggolek pawarta
babagan
rombongan sing
kesasar mau sapa
lan apa wae kang
digawa!” Prentahe
Abulawang.
Anak buahe
Abulawang cepet-
cepet budhal lan
nggolek pawarta
babagan
rombongan kang
kesasar mau.
Sawise telung dina,
anak buahe
Abulawang mulih
ngadhep pimpinane,
banjur nglapor
babagan kasil
anggone nggolek
pawarta mau.
“Pawarta apa
kang arep
kolaporake marang
aku?” Pitakone
Abulawang
“Rombongan kang
kesasar wau inggih
punika rombongan
Adipati Munding
Wilis saking
Kadipaten Galuh
Pakuan. Barang-
barang ingkang
dipun bekta ugi
kathah,”
wangsulane anak
buahe Abulawang.
“Ya wis, saiki
siapake pasukan
kanggo nyerang
rombongan Adipati
Munding Wilis!”
Prentahe
Abulawang.
Banjur Abulawang
lan anak buahe
nyusun rencana
kanggo nyerang
Adipati Munding
Wilis lan
rombongane.
Perang antarane
rombongane Sang
adipati lan
Abulawang akhire
kedadean. Sang
Adipati lan
rombongan kalah,
banjur dicekel
dening perampok
kang dipimpin
Abulawang. Kabeh
barang-barange
Sang Adipati
dirampok semana
uga jarane. Banjur
Sang Adipati
diolehake mulih
marang kadipaten.
Karo nahan rasa
kang sedhih, akhire
Sang Adipati lan
rombongan mulih
mlaku, amarga
jarane uga melu
dirampok.
Sawise tekan ing
kadipaten, Sang
Adipati ngrasa
seneng. Bojone wis
nglairake putra
kang bagus rupane.
Putrane mau
nduweni tandha ing
lengen sisih tengen
yaiku belong “toh
wisnu”. Wektu lagi
pada seneng-
seneng,
dumandakan
kahanan ing kana
dadi ora karu-
karuan. Kabeh mau
amarga rombongan
Abulawang
dumandakan
nyerang lan mlebu
marang kadipaten.
Nalika semana
umure putrane
Sang Adipati nembe
patang dina.
Kadipaten dirampok
lan diobong.
Semana uga omahe
para warga lan para
pejabat kadipaten.
Untung wae Sang
Adipati ditulungi
dening Ki Juru
Taman, pembantu
kadipaten.
Sawise kahanan
aman, Sang Adipati
kelingan karo
nasibe putrane
kang nembe lair
mau. Putrane
digoleki ing saben
pojokan kadipaten,
nanging ora
ketemu. Ing
sawijining dina ana
warga kang nglapor
yen putrane Sang
Adipati digawa
lunga (diculik)
dening Abulawang.
Sang Adipati lan
bojone ngrasa
sedhih banget.
Banjur wong loro
nekad lunga
nggoleki putrane
kang digawa
Abulawang. Wong
loro mau nyamar
dadi wong tani
jenenge Pak Sandi
lan Nyai Sandi.
Ing Bukit Mruyung
(papane para
perampok),
Abulawang lan
bojone ngrasa
seneng banget.
Amarga Abulawang
lan rombongane
bisa nyulik putrane
Sang Adipati sing
bagus rupane.
Nanging putrane
diaku anak dening
Abulawang lan
bojone. Abulawang
lan bojone gelem
ngakoni amarga
wong loro mau
pancen durung
duwe anak. Akhire
putrane Sang
Adipati mau
dijenengi Jaka
Mruyung.
Saiki Jaka Mruyung
wis ngancik tambah
gedhe. Dheweke
diwenehi wejangan
dening Abulawang
yaiku ora kena
lunga adoh-adoh
saka Bukit Mruyung.
Apa maneh nganti
metu saka Bukit
Mruyung.
Abulawang kanda,
“Nduk, kowe ora
kena lunga adoh-
adoh saka Bukit
Mruyung. Apa
maneh metu saka
wilayah Bukit
Mruyung iki!”
“Nggih pak,”
wangsulane Jaka
Mruyung manut.
Saya suwe Jaka
Mruyung ngrasa ora
betah manggon
ning Bukit Mruyung.
Dheweke ora
seneng karo wong
tuwane kang
nduweni watek ala
kayata seneng
ngrampok, nginum,
lan judi. Banjur Jaka
Mruyung lunga
(minggat) saka
Bukit Mruyung.
Jaka Mruyung
nglanggar janjine
marang Abulawang.
Jaka Mruyung lunga
numpak jaran
Dawuk Mruyung.
Jaran Dawuk
Mruyung mau jebul
duweke ramane
dhewe (Adipati
Munding Wilis) kang
biyen dirampok
dening Abulawang.
Ana Anak buahe
Abulawang kang
nglapor yen Jaka
Mruyung minggat
numpak jaran
Dawuk Mruyung.
Abulawang mrentah
anak buahe supaya
nggudag Jaka
Mruyung. Jaka
Mruyung digudag-
gudag dening anak
buahe Abulawang,
nanging Jaka
Mruyung bisa metu
saka Bukit mruyung
lan ora kecekel.
Karo nggawa sangu,
Jaka Mruyung lunga
ngetan ngliwati
alas-alas. Dheweke
tekan ing sawijining
papan kang jenenge
Dayehluhur. Jaka
Mruyung mampir
ing omah cilik,
duweke Ki Mranggi.
Akhire Ki Mranggi
ngongkon Jaka
Mruyung supaya
gelem saomah karo
Ki Mranggi lan
dianggep putu.
“Ndhuk, kowe
manggon neng kene
wae ngancani
aku!” Prentahe Ki
Mranggi
Amarga Jaka
Mruyung pancen
ora nduwe papan
kanggo nginep,
banjur dheweke
sarujuk.
“Nggih, Ki?”
Wangsulane Jaka
Mruyung.
Ki Mranggi yaiku
bekas prajurit
Majapahit kang
manggon ing papan
iku. Jaka Mruyung
diwarahi maca,
nulis keprajuritan,
bela dhiri, lan ilmu
kesaktian. Sawise
cukup anggone
nimba ilmu, banjur
Jaka Mruyung
diijinake nerusake
pangumbarane
nanging saka
petunjuk Ki Mranggi
kang diolehake
saka ngimpine.
Jaka Mruyung lunga
ngetan lurus ngolek
alas kang jenenge
Pakis Aji. Sawise
alas mau
ditemokake, banjur
dibabad amarga
papan mau besuke
bakal dadi Negara
kang gedhe. Jaka
Mruyung akhire
ninggalake papan
mau saka
pratandha kang wis
ditrima Ki Mranggi.
Jaka Mruyung uga
ninggalake pesen
supaya papan mau
dijenengi Desa
Panulisan kang
artine papan Jaka
Mruyung bisa maca
lan nulis.
Ing sawijining dina,
Jaka mruyung
tekan ing papan
kang amba lan akeh
sukete wernane ijo-
ijo. Dheweke leren
lan jarane mangan
suket kang ijo-ijo
mau. Banjur papan
mau dijenengi
Gumelar kang artine
papan kang amba.
Pangambaraan
diterusake lan Jaka
Mruyung wis tekan
ing sawijining
papan lan dheweke
ketemu karo wong
lanang enom
jenenge Tlangkas.
Tlangkas menehi
ngerti yen Alas
Pakis Aji wis cedhak
yaiku ing sisih kidul
Kadipaten
Kutanegara. Akhire
Jaka Mruyung
nerusake
pangumbarane
maneh banjur
ninggalake pesen
kanggo Tlangkas.
Pesene yaiku yen
besuke Tlangkas
arep dijaluki tulung
mbabad Alas Pakis
aji lan Tlangkas
nyangguhi.
Dicritakake yen Ki
Sandi wis tekan ing
Desa Panulisan lan
leren ing omahe Ki
Mranggi. Sawise
leren ana pirang-
pirang dina ing
omahe Ki Mranggi,
banjur Ki Sandi
nyritakake yen
tujuane dheweke
yaiku nggoleki
anake lanang kang
nduweni tanda ing
lengen sisih tengen
yaiku belong “ toh
wisnu”. Banjur Ki
Mranggi nyritakake
yen bocah sing lagi
digoleki mau saiki
wis gedhe jenenge
Jaka Mruyung. Jaka
Mruung durung
suwe lunga ngetan
golek Alas pakis Aji.
Ki Sandi ngrasa
seneng amarga
dheweke wis oleh
kabar yen Jaka
Mruyung iku anake
lanang kang lagi
digoleki lan saikine
isih urip.
Sesuke Ki Sandi lan
bojone nerusake
pangambaraane
mlaku ngetan nututi
bekas lakune Jaka
Mruyung. Ki Sandi
lan bojone ngliwati
kali kang bening
banyune lan
swarane banter
(kemracak). Mula
mbesuke papan
mau dijenengi Desa
Kracak. Ing
sawijining papan, Ki
Sandi ketemu karo
wong lanang kang
nggawa buah
banjur dheweke
takon jenenge buah
mau.
“Pak, punika buah
napa?” Pitakone Ki
Sandi
Banjur wong lanang
mau mangsuli
nganggo basa
Sunda, ”Le mah
Gondang amis.”
Ki Sandi takon
maneh, “Le mah
Gondang amis
punika artosipun
punapa?”
“Artosipun inggih
menika buah
gondang kang
rasane legi,”
wangsulane wong
mau.
Banjur papan mau
besuke dijenengi
Desa Gondangamis.
Pangambaraane
Jaka Mruyung saiki
wis tekan ing
pinggir Alas Pakis
Aji. Dheweke leren
ing papan kang
akeh manuk jalake.
Papan mau banjur
dijenengi Pejalakan.
Dheweke mlebu ing
Alas Pakis Aji. Jaka
Mruyung tekan ing
Kali Datar lan ing
papan kana uga ana
kedung. Ing kedung
kana akeh manuk
Serwitine. Banjur
papan mau
dijenengi Kedung
Serwiti.
Sawise Jaka
Mruyung tekan ing
pinggir Alas Pakis
Aji, dheweke
langsung mbabad
alas. Nalika
dheweke lagi
mbabad alas mau,
Jaka weruh ing
sakitare kana ana
wong akeh kang
lagi padha gawe
tambak iwak. Jaka
Mruyung nyedaki
wong-wong mau
lan njaluk tulung
mbabad Alas Pakis
Aji. Banjur wong-
wong mau pada
nyangguhi.
Jaka Mruyung lan
wong-wong mau
mulai mbabad Alas
Pakis Aji. Nalika lagi
mbabad Alas Pakis
Aji, jaka weruh
naga (ula kang
gedhe). Ula mau
dicekel dening Jaka
Mruyung banjur
dipateni banjur
diobong. Nalika lagi
ngobong ula, genine
melu ngobong Alas
Pakis Aji. Warta yen
Alas Pakis Aji
kobongan, wis
ditrima dening
Adipati Nglangak
yaiku Adipati
Kutanegara. Adipati
Nglangak murka
banget marang
Jaka Mruyung.
Semana uga wong-
wong ing Kadipaten
Kutanegara, kabeh
melu nyalahake
Jaka Mruyung.
Banjur Sang Adipati
ngutus para
punggawane
kanggo nangkep
wong kang wis
mbakar Alas Pakis
Aji yaiku Jaka
Mruyung supaya
diukum.
“Punggawa,!
Tangkep lan ukum
Jaka Mruyung!”
Prentahe Adipati
Nglangak.
Jaka Mruyung
digoleki dening
punggawa
Kadipaten
Kutanegara. Ora
mbutuhake wektu
kang suwe kanggo
nggolek dheweke,
akhire Jaka
Mruyung bisa
kecekel. Jaka
Mruyung banjur
diukum banjur
dheweke dadi
tahanan ing
Kadipaten
Kutanegara.
Adipati Nglangak
nduwe anak telu
yaiku Dewi
Pandansari, Dewi
Pandanayu, lan
Dewi Rantansari.
Putri-putri mau uga
dadi prajurit wadon
ing Kadipaten
Kutanegara. Nalika
dadi tahanan Jaka
Mruyung ngetokake
tingkah laku kang
sopan santun.
Akhire Jaka
Mruyung
dibebasake. Ing
sawijining dina,
Kadipaten
Kutanegara
nganakake
sayembara kanggo
ngolek Senopati
Kadipaten
Kutanegara.
Senopati yaiku
pemimpin perang
utawa prajurit.
Ing sajroning
sayembara, Jaka
Mruyung oleh lawan
kang sakti jenenge
Ki Ketol Ireng. Wong
loro mau padha-
padha kuwate lan
saktine. nanging
akhire Ki Kentol
Ireng nyerah,
dheweke ngaku
kalah. Jaka
Mruyung menang
lan dheweke
didadekake
Senopati Kadipaten
Kutanegara. Banjur
dheweke uga
dinikahake karo
anake adipati
Nglangak kang
nomer loro yaiku
Dewi Pandanayu
Adipati Nglangak
tambah seneng
sawise ngerti yen
Jaka Mruyung kuwi
jebul putrane
Adipati Munding
Wilis saka Galuh
Pakuan. Rahasia
kabeh mau
kabongkar amarga
Tlangkas
nyritakake babagan
kabeh mau marang
Adipati Nglangak.
Akhire Kadipaten
Kutanegara
diserahake marang
Jaka Mruyung.
Sawise Jaka
mruyung dadi
adipati, dheweke
mulih menyang
Kadipaten Galuh
Pakuan. Wong-
wong kadipaten wis
ora padha kenal lan
ora ngerti yen tamu
kang nembe teka
mau jebule Jaka
Mruyung, putrane
Adipati Munding
Wilis. Ing kahanan
kang kaya
mangkono, Ki Juru
Taman nglapor yen
Rama lan Ibune
Jaka Mruyung lunga
nggoleki putrane
kang digawa lunga
perampok
Abulawang.
Jaka Mruyung
banjur mrentah
punggawane
supaya nyebarake
pengumunan kang
isine sapa kang bisa
nemokake Adipati
Munding Wilis lan
bojone bakal
diwenehi hadiah.
Sawijining dina,
Adipati Munding
Wilis lan bojone
maca pengumuman
mau. Sang Adipati
lan bojone ngrasa
seneng banget.
Akhire wong loro
mau sarujuk arep
teka dhewe marang
Kadipaten
Kutanegara nemoni
putrane yaiku Jaka
Mruyung.
Sawise tekan ing
Kadipaten
Kutanegara, Adipati
Munding Wilis lan
bojone nyritakake
yen dheweke kuwi
wong tuane Jaka
Mruyung. Adipati
Munding Wilis uga
nyritakake sebabe
Jaka Mruyung bisa
pisah saka wong
tuwane. Sawise
ngerti critane
kabeh, banjur Jaka
Mruyung arep
nuntut bales
marang Abulawang.
Nalika semana Jaka
Mruyung isih
jengkel.
Jaka Mruyung lan
punggawane budhal
menyang Bukit
Mruyung.
Sadurunge tekan
ing Bukit Mruyung,
dheweke malah
diserang dening
Abulawang lan
rombongane. Banjur
Jaka Mruyung lan
punggawane genti
nyerang. Akhire
Abulawang lan
rombongane bisa
dikalahake.
Abulawang ngaku
salah lan njaluk
pangapura marang
Jaka Mruyung. Jaka
Mruyung ora
ngukum Abulawang
amarga dheweke
esih eling karo jasa-
jasane Abulawang
kang wis ngopeni
dheweke nganti
gedhe. Abulawang
lan bojone dipindah
menyang
Kutanegara. Jaka
Mruyung akhire bisa
urip tentrem lan
seneng amarga urip
bareng karo wong
kang ditresnani.
Sawise kuwi
ibukota Kadipaten
Kutanegara
dipindah marang
Alas Pakis Aji kang
wis dibabad mau.
Alas Pakis Aji mau
dijenengi
AJIBARANG. Mula
Jaka Mruyung kuwi
Adipati Ajibarang
kang kaping pisan.
Sawise Kadipaten
Kutanegara ngadeg,
Kadipaten
Kutanegara dibagi
dadi rong desa
yaiku Desa
Kutawera lan Desa
Candinegara. Bukti
yen cerita iki
pancen ana yaiku
anane kuburan
kang jenenge
Pandansari, yaiku
kuburane Dewi
pandansari. Uga ana
kuburan Pandanayu
yaiku kuburane
Dewi Pandaayu
bojone adipati Jaka
mruyung. Kuburan
mau ana ing sisih lor
Ajibarang. Yen Dewi
Rantansari ana ing
Gunung Putri, sisih
kidul Ajibarang lan
Gunung mau
dijenengi Gunung
Putri.


di kutip dari
sastra-jawa007.blogspot.com


Bisnis online

Tips mengatasi gprs ngadat